Naskah Sandiwara Jawa : Tema Kelangan

        Kekancan Pungkasaning Kelangan

        Clara, Nanda, lan Vira padha kekancan siji lan sijine, nanging Clara lan Vira luwih cerak amarga wis dadi kanca wiwit cilik. Dene Nanda gabung kekancan wiwit rong taun kepungkur. Ing sawijining dina Vira ndilalah ora mlebu sekolah.

Clara    : “Eh, Vira nengendi? Kok dheweke saiki ora tau mlebu sekolah ya?”

Nanda  : “Aku ya ora ngerti kok dheweke saiki kerep absen sekolah. Ana ya jane?”

Clara    : “Ngene wae, jajal mengko bar mulih sekolah awake dhewe dolan neng gene Vira ya.”

Nanda : “Eh anu, dina iki kan awake dhewe ana kegiatan PMR, dadi mranane mengko jam setengah papat sore ya.”

Clara   : “Oh iya ding, oke deh neng gone Vira nek wis rampung kegiatan wae.”

Nanda : “Oke!”

Sawise rampung ekskul, Clara lan Nanda tumuju parkiran. Nanging nalika nglewati lapangan basket sing isine bocah lanang, saka adoh bocah loro kuwi padha weruh cah wadon sing lagi ngadeg neng pinggir lapangan.

Nanda : “Sapa dheweke?”

Clara   : “Murid pindahan yakne.”

Nanda : “Loh yen murid pindahan ngapa kok dheweke mlebu pas jam ekskul ngene ya, gek neng basket pisan.”

Clara   : “Lha mbuh eg, ayo diampiri wae!”

Nanda : “Eh sik-sik! Dhuh, Clar iki aku ra isa melu neng omahe Vira amarga iki bar di chat ibuk, diajak jemput simbah saka luar kota.”

Clara   : “Huft… ya wis ora apa-apa.”

Nanda : “Ya wis sepurane aku dhisik ya, Clar.”

Clara   : “Oke, ngati-ati!”

Clara nyedhaki bocah wadon ing pinggir lapangan mau dhewekan kanggo mangsuli rasa penasarane.

Clara  : “Kok kaya kenal ya? Loh, Vira?!!”

Vira    : “Clara?!”

Clara  : “Piye kabare, Ra? Kowe mau ora mlebu sekolah ya, kok saiki malah neng kene?”

Vira    : “Aku pengin ngomong karo kowe, Clar.”

Clara  : “Babagan apa, Ra?”

Vira    : “Matur nuwun ya Clar amarga kowe wis apikan banget karo aku, gelem kekancan karo aku, lan bisa ngerteni aku. Aku jaluk ngapura ya yen sasuwene kekancan duweni salah karo awakmu.”

Clara  : “Iya padha-padha, jenenge wae kekancan ana wae masalahe lan mesthi wae tak apurani kok, Ra. Iki kowe kenangapa kok ujug-ujug ngomong kaya ngene ki? Ana sing koktutupi saka aku ta?”

Vira    : “Aku ora ngerti apa sing kudu daklakoni ing pungkasaning wektuku sing wis ora suwe iki kanggo bales tumindakmu sing apik marang aku, Clar.”

Clara  : “Pungkasaning wektu?  Nek ngomong mbok ya sing gamblang ta, Ra. Kowwe arep nengendi?”

Vira    : “Kowe eling yen sirahku kerep lara, Clar? Amarga wis ora kuwat maneh, wingi aku diterke priksa neng rumah sakit, banjur doktere mriksa kahananku nganggo sinar-x, lan asile wis metu ndek esuk, Clar.”

Clara  : “Banjur?”

Vira    : “Iki hasile.”

Clara  : “Saudari Vira Anggraini positif kanker otak stadium akhir? Ora! Ra mungkin! Kowe ngapusi aku ta, Ra?”

Vira    : “Awakmu wis weruh dhewe, ta? Kaya ngono kuwi ora takgawe-gawe. Uripku wis ora suwe maneh, Clar.”

Clara  : “Ora, pokoke kowe ora oleh ngomong kaya ngono! Awake dhewe bakal kekancan salawase, Ra.”

Vira    : “Iki wis dadi garising pesthi, Clar. Ana patemonan, mesthi uga ana pisahan.”

Clara  : “Ora, Ra! Aku lan Nanda ora gelem pisah karo kowe! Kowe mesthi bisa sehat maneh.”

Vira    : “Ahhhh! Aduuuuhh sirahku lara, Clar! Tulungggg!”

Vira langsung semaput amarga ngrasakne sirahe sing lara, banjur Clara nyuwun tulung wong-wong sing isih ana neng sakiwa-tengene lapangan kanggo gawa neng Rumah Sakit. Tekan kana Vira langsung dipriksa karo dokter Rafi, dokter spesialis kanker. Sawise iku Clara nelpun ibune Vira kanggo ngabari kahanane anake sing saiki.

Clara  : “Assalamu’alaikum, Bu. Badhe ngabari niki Vira wonten Rumah Sakit.”

Bu Ina: “Wa’alaikumussalam. Matur nuwun ndhuk wis ditulungi, digawa menyang RS. Ya wis iki ibu arep mrono, tulung dijaga dhisik ya ndhuk Virane.”

Clara  : “Inggih bu, sami-sami. Ngatos-atos.”

Ora let suwe Bu Ina wis teka ing Rumah Sakit ngepasi dokter Rafi wis rampung anggone mriksa Vira, ananging praupane dokter sing biyasane bungah iku saiki katon nandang duka.

Bu Ina: “Kepiye dok kahanane anak kula Vira?”

Dokter: “Saderengipun kula nyuwun pangapunten, Bu. Kula lan tenaga medis sampun ngupadaya semaksimal ingkang kita bisa, ananging kita sedaya sanes Gusti Allah ingkang saged ngowahi sedaya garising pesthi. Putranipun ibu kala wau kritis amarga sel kanker wis nggrigisi awake, lan niki Vira sampun boten ngrasakne lara malih.”

Bu Ina: “Ma-maksude, Dok? Anak kula meninggal???”

Dokter: “Inggih, Bu. Kula tumut nandhang duhkita, ingkang sabar nggih, Bu. Kula idin pamit riyin, mangga.”

Bu Ina: “Viraaaaa!!! Iki ra mungkin kan, Ndhuk???”

Clara  : “Ingkang tabah inggih, Bu. Sedayanipun namung titipan saking Gusti, mugi-mugi almarhumah tenang ing alam baka lan pikantuk swargi langgeng, aamiin.”

Bu Ina: “Aamiin, matur nuwun ya ndhuk sasuwene Vira urip gelem kekancan apik karo anakku.”

Clara  : “Inggih, sami-sami Bu.”

Ora let suwe Nanda nelpun Clara amarga neng grup kelas wis rame, ananging dheweke ora gelem nyimak amarga isih kesel lagi wae balik saka jemput simbahe.

Nanda: “Assalamu’alaikum, Clar! Eh kae grup kok ramemen ki enek apa?”

Clara  : “Wa’alaikumussalam. Vira meninggal Nan, dheweke lara kanker otak lan wis stadium akhir. Ndek mau sore, cah wadon sing neng lapangan basket kae Vira, dheweke wis ngomong kabeh neng aku. Sesuk jenazahe nembe dikubur.”

Nanda: “Innalillahi wainna ilaihi raji’un, Ya Allah Viraaaa! Aku rasane kaya-kaya isih ora percaya, Clar. Aku durung isa pethuk kanggo sing pungkasan. Getun ndek mau balik dhisik, hiks hiks hiks.”

Clara  : “Ikhlasne, Nan. Vira mesthi sedhih nek ngerti awake dhewe durung bisa nampa kasunyatan iki. Jodho, urip, lan mati uwis ana sing ngatur. Awake dhewe ora isa sedhih terus-terusan.”

Nanda: “Iya, Clar. Matur nuwun.”

Nalika ana ing pasareyan, sing keri dhewe balike amung Ibu Ina, Clara, lan Nanda.

Clara  : “Ra, ngapa kowe ninggalke awake dhewe secepet iki? Tapi saiki mesthi kowe wis seneng kan, kowe wis ora ngrasakne lara meneh, wis ora bolos meneh. Aku ra bakal isa nglalikne kowe, Ra.”

Nanda: “Ra, kowe tegel banget lunga tanpa pamit aku dhisik. Aku durung isa nyenengke kowe, Ra. Kowe wong apik, Gusti Allah mesthi ora bakal tegel yen kowe kelaran neng dunya iki. Muga tentrem ing kana ya, Ra.”

Bu Ina: “Anak ibuk sing paling kuwat, matur nuwun wis dadi kesayangane ibuk, dadi kebanggaane ibuk. Ibuk bakal kangen terus karo kowe, Ndhuk. Ibuk bakal terus dongakne kanggo katentremanmu ing kana.”

Clara lan Nanda banjur nuntun Bu Ina bali menyang omah lan ngupadaya tetep ngeki semangat kanggo nglakoni urip tanpa Vira maneh.


Oleh :  Maura Tyas Rayeshinta
Asal : SMP Negeri 1 Banyudono

Subscribe to receive free email updates:

2 Responses to "Naskah Sandiwara Jawa : Tema Kelangan"