Naskah Sandiwara Jawa : Tema Lingkungan

Gotong Royong Desa Madu Mulyo

Dicritakake ing desa Madu Mulyo RT. 04 akeh wargane sing kena wabah DBD (Demam Berdarah Dangue). Mulane iku Mas Agus minangka ketua karang taruna RT. 04 bakal nganakake gotong royong kanggo ngresiki lingkungan desa. Sadurunge iku, dheweke kudu matur kalih Pak Tardi minangka ketua RT.

Mas Agus : “Assalamu’alaikum, Pak RT.”

Pak Tardi : “Wa’alaikumussalam. Mangga mlebu rene dhisik! Ana perlu apa Mas Agus?”

Mas Agus : “Ngaten, Pak. Warga RT mriki kathah ingkang gerah DBD. Kanthi perkawis menika kula sakanca badhe ngawontenaken kerja bakti lingkungan, Pak.”

Pak Tardi : “Oo ya apik iku, Mas. Kapan sing ameh kerja bakti, Mas?”

Mas Agus : “Dinten Ahad tanggal 24 Agustus 2021 tabuh 07.00, Pak.”

Pak Tardi : “Sapa wae sing ameh kerja bakti, Mas?”

Mas Agus : “Sedanten warga RT. 04, Pak. Mangke dalu nyuwun tulung panjenengan wara-wara wonten grup bapak-bapak inggih.”

Pak Tardi : “Oh iya, Mas. Mengko dakumumke neng warga.”

Mas Agus : “Matur nuwun inggih, Pak. Menawi mekaten kula idin badhe pamit rumiyin.”

Pak Tardi : “Iya, padha-padha. Ngati-ati, Mas Agus!”

Sawise saka omahe Pak RT, Mas Agus weruh bocah-bocah desa sing lagi dolanan bal-balan neng lapangan. Banjur dheweke mrana kanggo ngundang melu kerja bakti sok minggu.

Mas Agus : “Dit! Tulung mrene dhisik, arep dakkandhani!”

Radit         : “Nggih! Pripun, Mas?”

Mas Agus : “Sok minggu kuwi RT-ne dhewe arep nganakake kerja bakti, kowe sakanca padha melu ya! Warga padha gotong royong kanggo reresik lingkungan. Aja malah padha turu neng omah!”

Radit         : “Lha kenging menapa ta mas kok nganakake kerja bakti ki?”

Mas Agus : “Loh kowe apa ora krungu kabar yen neng desa iki wis akeh sing kenek DBD? Kerja bakti sesuk kuwi dadi salah sawijining upadaya kanggo nyendhat wabah DBD. Para warga gotong royong kanggo ngresiki lingkungan utamane nggon guwangan banyu sing marai akeh nyamuk.”

Radit        : “Owalah ngoten, kula sampun paham, Mas. Benjing kula sakanca nyengkuyung kerja bakti.”

Bima       : “Inggih, Mas. Kula ajeng tumut kerja bakti. Peralatane sing kudu digawa napa mawon niki, Mas?”

Mas Agus : “Sakeneke sing ana neng omah wae ya, kaya ta sapu sada, arit, wangkil, lan pacul.”

Cah-cah   : “Inggih, Mas.”

Ing dina Ahad iki warga desa Madu Mulyo RT. 04 wis padha ngumpul neng ngarep mejid kanggo kerja bakti sinambi nunggu sing durung sing teka.

Pak Tardi : “Assalamu’alaikum para warga! Wah sajake semangat tenan iki!”

Warga      : “Wa’alaikumussalam. Nggih mesthi wae semangat ta, Pak!”

Pak Tardi : “Alhamdulillah, itung-itung sisan olah awak ben sehat ya! Ya wis ayo gek ndang diwiwiti wae kerja baktine, mengko ndak selak awan.”

Warga      : “Nggih, Pak.”

Warga padha reresik lingkungan bebarengan. Bapak-bapak ana sing ngresiki kalenan, ngresiki taman desa, nguras kolah mejid, ngobong larahan, mendem sampah plastik lan bathang kewan, ana sing jabuti suket lan fogging nyamuk. Bocah lanang padha nyapu panggonan sing ora tau diurus, kaya ta trotoar lapangan. Dene ibu-ibu lan bocah wadon padha gawe sarapan bebarengan.

Radit        : “Vin, kowe tugase nglumpukke sampah plastik ya, aku tak sing nyapu wae.”

Kevin       : “Iya, Dit.”

Mas Agus : “Semangat ya cah! Aja padha tukaran lho ya!”

Bima        : “Boten kok, Mas. Niki nembe bagi tugas mawon.”

Mas Agus: “Owalah ngono ta, apik kuwi! Awake dhewe lak ya wis suwe urip neng kene ta? Kudune wis ngrasa raket pasedulurane, padha semangat nyengkuyung bareng ben desa iki tansaya ayem lan tentrem.”

Radit        : “Inggih, Mas. Awake dhewe niki sampun kaya sedulur lan boten nate kerengan.”

Mas Agus : “Ya wis ngono wae, ayo dilanjut meneh, ben ndang rampung.”

Cah-cah    : “Inggih, Mas.”

Kerja bakti wis arep rampung, ibu-ibu lan bocah wadon padha teka banjur nyepakake wedang uga sarapan. Sawise iku para warga wisuh lan nglumpuk neng mejid kanggo leren.

Bu Siti      : “Ayo-ayo kene padha leren dhisik! Kabeh wis cumepak, mangga enggal sarapan!”

Bu Nita     : “Ngunjuke ana es teh lan teh anget, wis padha jupuk dhewe ya, ora usah isin!”

Pak Tardi : “Wah nggih bu-ibu! Matur nuwun.”

Mas Agus : “Alhamdulillah kerja baktine dinten menika gancar, para warga tansah guyub rukun anggone gotong royong mrantas wabah DBD. Juwosss tenan RT kene!”

Warga      : “Inggih, Mas Agus.”

Pak Tardi: “Saderengipun kula ngaturake panuwun kagem sedantenipun awit tansah purun nyengkuyung kerja bakti dinten menika. Nom tuwa-gedhe cilik kabeh gelem gotong royong, padha tulung tinulung, muga-muga wabah DBD isa disendhat dadi kabeh warga tansah bagas waras, aamiin.”

Warga       : “Aamiin, Pak RT.”

    Sawise kerja bakti, banjur para warga padha nglumpuk lan gegojegan. Warga bisa seneng amarga isa tambah raket pasedulurane. Desa Madu Mulyo tansaya ayem lan tentrem.


                                                Oleh : Rahma Cahayati Widiyastuti
                                                    Asal : SMP Negeri 1 Banyudono

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Naskah Sandiwara Jawa : Tema Lingkungan"

Post a Comment