Naskah Sandiwara Jawa : Tema Kekancan

Kekancan sing Rukun

Kacaritakake ing SMP Mangun Karya duweni kelas sing murid-muride angel akur. Kelas iku jenenge kelas IX B. Ana bocah sing senengane gawe padudon, jenenge Dila. Dheweke kerep diceluk BK amarga seneng gangguni kanca-kancane, jemeneh kancane sing jenenge Santi. Santi kuwi murid sing sregep lan kapribadhene alus. Wayah esuk ing sawijining dina, sedurung bel mlebu kelas muni, Dila ngawe-awe kanca kenthele.

Dila    : “Ra! Zahra! Mreneya tak kandhani!”

Zahra  : “Ana apa neh, La?”

Dila    : “Tanganku gatel kae ki nek ora gawe polah!”

Zahra  : “Padha. Ning aku wedi yen ngko bakal diceluk guru BK meneh.”

Dila    : “Halah! Tenang-tenang, santai wae! Aku duwe rencana nggo mbeda Santi. Dheweke kan antengan.”

Zahra  : “Ya wis. Apa rencanamu, La?”

Dila    : “Santi kan lagi metu karo Bela, kelase dhewe ya isih sepi. Ayo ndelikne tase Santi!”

Zahra  : “Tenane, La? Santi kan anak kesayangane guru-guru. Ora wedi kowe?”

Dila    : “Halah… Aku ki ya sebel nek apa-apa mung Santi terus. Kowe ya sebel ta?”

Zahra  : “Ya sebel jane. Ya wis, ayo ndang didelikne.”

Dila lan Zahra ngati-ati anggone ndelikne tase Santi. Ra ngertiya yen polahe cah loro kuwi mau disawang Candra saka adoh. Banjur dheweke mlebu kelas kaya-kaya ora ngerti tumindak ala sing dilakokake dening Dila lan Zahra. Bel mlebu kelas wis muni, banjur para siswa mlebu neng kelase dhewe-dhewe.

Santi   : “La! Bela! Kowe ngerti tasku?”

Bela    : “Horok, mau lak ya neng kana ta, Ti?”

Santi   : “Iya. Mau ki tak delehke kana, terus daktinggal metu tuku bolpen karo kowe.”

Bela    : “Berarti ana sing ndelikne tasmu, Ti.”

Santi   : “Sapa ya, La? Aku wedi amarga neng tas akeh buku silihan saka perpustakaan.”

Bela    : “Kanca-kanca, ana sing ngerti tase Santi?”

Riska  : “Aku ora reti ki. Aku mau mlebu kelas pas bel sekolah wis muni.”

Dista  : “Aku ya ora reti ki.”

Bu Susan (BS) mlebu kelas amarga jam pertama yaiku mata pelajaran IPA. Bu Susan bingung amarga lagi wae mlebu kelas langsung weruh Santi sing lagi nangis.

BS      : “Eh… eh…Ana apa iki? Ngapa kok Santi nangis?”

Bela  : “Santi nangis amarga tase boten wonten, Bu. Wau saderengipun bel, kula lan Santi mundhut bolpen riyen wonten ing koperasi sekolah. Nanging nalika kula lan Santi balik tase sampun boten wonten ing ngriki, Bu.”

BS      : “Eyalah, wis uwis ra usah nangis, Ndhuk. Ayo digoleki bareng-bareng! Iki sekelas apa padha ora ngerti tase Santi?”

Candra: “Kula weruh tase Santi, Bu.”

BS      : “Neng ngendi, Le?”

Candra: “Kula ndek wau weruh Dila lan Zahra ndelikake tase Santi ing duwur lemari kelas, Bu.”

Dila    : “Horook… Kok aku, Can?”

BS      : “Apa kuwi tenan, Ndhuk?”

Dila    : “Boten Bu, saestu.”

Zahra  : “Inggih, Bu. Boten leres niku.”

Candra: “Leres niku, Bu. Kula saksi matane.”

BS      : “Candra, tulung tilikana neng duwur lemari!”

Santi   : “Niku tas kula, Bu.”

BS      : “Santi, Dila, lan Zahra! Ayo melu Ibu! Bela, ibu nitip tase sik ya!”

Bela    : “Inggih, Ibu. Siyap!”

Bu Susan banjur gawa katelu siswi mau neng ruwang Bimbingan Konseling (BK) nemoni Pak Slamet (PS) saperlu kanggo ngrampungne masalah kesiswaan.

PS      : “Ana apa iki kok rame-rame?”

BS      : “Niki Dila lan Zahra gawe ulah delikne tase Santi, Pak.”

PS       : “Eyalah, kok ya ana-ana wae. Dila lan Zahra kok nakalmen ta.”

Dila    : “Kula nyuwun pangapura Pak, Bu. Besuk-besuk boten kula baleni malih.”

Zahra  : “Inggih, Pak. Kula inggih nyuwun pangapura.”

PS       : “Kok jaluk ngapurane neng bapak ibu guru ta, ya neng Santi kuwi ta Ndhuk-ndhuk.”

Zahra  : “Santi, aku jaluk ngapura ya amarga kadhang kala meri karo awakmu.”

Dila    : “Aku uga jaluk ngapuramu ya, San amarga serik ati karo kowe.”

Santi   : “Iya dakngapurani. Tapi aja kokbaleni maneh ya!”

PS     : “Nek kowe cah loro isih padha seneng gawe perkara karo kanca-kancamu, sesuk tak celuk wong tuwamu!”

Dila    : “Boten, Pak. Kula janji boten nakal malih.”

Zahra  : “Inggih Pak.”

PS       : “Ya wis kana padha salaman sik, kancanan sing akur ya! Bar kuwi banjur padha bali menyang kelas meneh, melu pelajarane bu Susan sing dadi ditunda sautara amarga kowe-kowe padha.”

Zahra  : “Inggih Pak, siyap.”

Dila    : “Inggih Pak, matur nuwun.”

    Dila lan Zahra banjur salaman karo Santi. Cah loro kuwi janji ora bakal baleni tumindak nakale maneh marang kanca-kancane.


Oleh :  Fitria Alfareza
Asal : SMP Negeri 1 Banyudono

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Naskah Sandiwara Jawa : Tema Kekancan"

Post a Comment