Naskah Sandiwara Jawa : Tema Kesetiaan

Kelangan Dompet

Dicritakake ing SMP Bina Karya ana bocah telu sing akrab banget kekancane, yaiku Dika, Bintang, lan Rehan. Ananging ana sing ora seneng karo kekancane cah telu kuwi, jenenge Radit.

Radit     : “Ngapa yak ok kekancane cah telu kae isa akrab banget? Kepiye ya carane ben padha kerengan? Ahaaa! Takjukuk wae lah dompete Dika, banjur tak deleh neng tase Bintang. Bar kuwi lak padha musuhan. Haha!”

Dika      : “Adhuh nengendi ya? kayane mau takdeleh neng jero kene deh!”

Rehan   : “Ngapa, Dik? Kok kaya bingung ngono.”

Dika      : “Dompetku ora enek neng tas. Dhuh nengendi ya? kowe weruh pora? Wernane ireng.”

Bintang : “Kok isa ora ana? Apa keri neng omah, Dik?”

Dika      : “Ora, Tang. Mau pas awake dhewe meh metu isih neng jero tasku kok.”

Radit     : “Aku ngerti sapa sing jukuk dompetmu!”

Dika      : “Hah? Sapa, Dit?”

Radit     : “Kancamu dhewe malahan, sing jukuk kuwi Bintang!”

Rehan   : “Ra mungkinlah! Aja waton nudhuh, Dit!”

Rehan   : “Terserah ameh percaya apa ora! Jajal gledhahen wae tase Bintang!”

Dika      : “Sepurane ya, Tang. Aku kudu buka tasmu kanggo mbuktikne omong kosonge Radit.”

Bintang : “Iya, wis ora apa-apa.”

Dika      : “Loh, iki dompetku!”

Radit     : “Lho bener ta omonganku! Bintang ki wong ra duwe, mesthi dheweke sing jukuk!”

Dika      : “Kowe kok tegelmen ta, Tang? Nek saumpamane kowe butuh dhuwit ngomong wae, aku karo Rehan mesthi bakal mbiyantu. Ora kaya ngene ki carane!”

Bintang : “Iya, pancen aku wong ora duwe, tapi aku wani sumpah yen dudu aku sing jukuk dompetmu, Dik.”

Radit     : “Halah ngeles kuwi! Lha yen dudu kowe sapa? Wong jelas-jelas ana neng jero tasmu!”

Dika      : “Wis, cukup! Wiwit saiki awake dhewe ora usah kekancan maneh, Tang! Ayo Han, ora usah cerak-cerak karo cah iki!”

Bintang : “Dhuh, Gusti. Pacoban apa maneh iki? Yen pancene isih dadi rejeki, kekancan iki mesthi bisa bali.”

Bel wis muni ping telu, pratandha yen para siswa wayahe mulih sekolah. Dika lan Rehan mulih bareng tanpa ngajak Bintang. Nalika ing dalan, bapake Dika sing kerja neng Australia nelpun.

Dika      : “Assalamu’alaikum, pripun Pak? Wonten punapa kok nelpun Dika?”

Bapak  : “Wa’alaikumussalam, Le. Bapak lan ibuk arep bali menyang Indonesia, perusahaane bapak kena musibah dadi iki bangkrut, Le.”

Dika      : “Hah? Innalillahi, lha kok saged ngoten niku pripun, Pak?”

Bapak  : “Proyeke bapak gagal, iki ngalami akeh kerugian lan perusahaane bapak arep didol kanggo bayar ganti rugi.”

Dika      : “Wadhuh, lha bapak ibuk badhe kondur kapan?”

Bapak  : “Sesuk, Le. Iki bapak ibuk lagi ngurusi barang-barang lan berkas sig kudu diproses. Sepurane ya Le, sesuk awake dhewe pindah neng kontrakan dhisik amarga omahe dhewe bakal disegel.”

Dika      : “Iki ora mungkiiin! Huhuhu..”

Rehan   : “Ana apa, Dik?”

Dika      : “Bapakku bangkrut, Han. Aku saiki wis ora duwe apa-apa, hiks hiks hiks.”

Rehan  : “Sing sabar ya, Dik. Banda isa digoleki maneh, aku yakin kowe bakal isa nglewati pacoban iki.”

Dika      : “Aamiin, nuwun ya Han. Tak suwun aja ninggalke aku ya.”

Rehan   : “Masio kowe ora duwe apa-apa, tapi kowe isih duwe kanca. Aku ora bakal ninggalke kowe kok, tenang wae, nek butuh bantuan aja sungkan ngomong ya.”

Dika      : “Matur nuwun banget ya, Han.”

Saking fokuse anggone ngobrol, ora ngertiya yen saka buri ana sing kebut-kebutan numpak motor. Motor mau arep nyrempet Rehan sing ana ing pinggir dalan, banjur ditulungi Bintang.

Bintang : “Awas, Haaaan!!!”

Rehan   : “Adhuh! Kowe ora apa-apa, Tang?”

Radit     : “Dhuh, sorry-sorry! Enek sing lara ora, Tang?”

Dika      : “Radit?!”

Radit     : “Sepurane ya, aku ora njarak.”

Rehan   : “Mulane nek motoran ki sing ngati-ati, ra sah ngebut, mbebayani wong liya!”

Radit     : “Iya ora tak baleni maneh, pisan ngkas aku jaluk ngapura ya.”

Bintang : “Iya ora apa-apa, sing penting iki mau aman kabeh. Ya wis nek ngono aku tak balik dhisik ya.”

Radit     : “Meengko sik, Tang! Aku arep ngomong karo kowe-kowe padha.”

Dika      : “Babagan apa, Dit?”

Radit     : “Sing kapisan aku meh jaluk ngapura marga sing jikuk dompetmu ndek esuk ki aku. Aku ngreka-ngreka ben dikira sing nyolong kuwi Bintang.”

Dika      : “Astaghfirullah, aku ra nyana kowe setegel kuwi, Dit!”

Radit     : “Jujur aku serik karo kekancanmu sing kenthel kuwi, banjur aku dadi kepengin ngrusak. Nanging saiki aku sadhar, solahku kuwi salah lan aku kuciwa karo awakku dhewe sing durung isa njawani. Aku nyuwun ngapura ya cah, utamane karo awakmu, Bintang.””

Dika    : “Dadi dudu Bintang sing jikuk??! Ya Allah sepurane ya, Tang. Aku wis nglarani atimu.”

Bintang : “Iya ora pa pa, nanging aja dibaleni maneh ya Dik, Han.”

Rehan   : “Alhamdulillah, akhire isa apikan maneh kekancanku.”

Dika      : “Iya Han, saiki awake dhewe cah telu isa kekancan maneh tanpa ana wates wektu.”

-Pungkas-

Oleh: Enggar Adi Saputro
Asal : SMP Negeri 1 Banyudono

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Naskah Sandiwara Jawa : Tema Kesetiaan"

Post a Comment